RESENSI NOVEL
PRAU GETHEK NYABRANG JALADRI

Judul :
Prau Gethek Nyabrang Jaladri
Penyerat :
Ir. H. Soekirman
Penerbit :
Pura Pustaka
Cetakan Kaping : Pisan
Tahun Terbit :
2014
Kandel Buku : VII + 248
ISBN :
978-979-17062-8-5
Soekirman lair ing desa
Tualang, Perbaungan, Serdang Bedagai, Sumatera Utara. Bapak lan ibune Soekirman
yaiku Pak Subardilan lan Ibu Isayah. Pakaryane Pak Subardi iku tani lan dagang woh-wohan.
Wektu Soekirman isih cilik, bapakne seda. Soekirman banjur dirawat budhe lan
pakdhene. Sakwise gedhe Soekirman biyantu pakdhene angon wedhus. Soekirman angon
wedhus disambi sinau kanggo mlebu sekolah.
Nalika umur 27 taun
Soekirman wes makarya ana ing USU kanthi jabatan asisten dosen. Saliyane namatke
pasinaone ing USU, Soekirman uga sinau non-gelar kang ilmune bisa kanggo njawab
tantangan ing masyarakat sadina dinane. Sawise entuk gelar BDc ing babagan
pertanian, Soekirman dadi PNS. Bibar namatke S1 Soekirman diangkat dadi dosen.
Rehne wes dadi punggawa
negara, mula Soekirman kena diarani munggah drajad. Pitutur luhur saka sejarah
lan wayang tansah diugemi. Minangka sanguine urip. Sambung srawung lan tulung
tinulung dilakoni Soekirman kanthi setiti. Soekirman seneng maca lan nulis ing
kalawarti majalah Joko Lodhang.
Ing taun 2004 Soekirman
melu daftar dadi calon wakil rakyat. Ing rapat DPD, Soekirman ditunjuk dadi
wakil bupati ing Serdang Bedagai. Ora let suwi, Soekirman diangkat dadi bupati.
Soekirman tilik trah keluarga ing Purworejo. Ing Purworejo, para sesepuh menehi
dongeng kang marahi ayem tentrem.
Dadi bupati ing Sergai
tumrape Soekirman ing minangka pengabsian. Soekirman pengin mujudake bebrayan
kang adil makmur panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata
tentrem karta raharja.
Novel menika wau
nyariyosaken gesangipun Soekirman saking lair dumugi sukses. Sosok Soekirman ngemutaken kula dhateng bupati Kulonprogo, bapak. Hasto Wardoyo. Amargi sami-sami saking
kaluwarga ingkang sarwa kekirangan, ananging saget dados tiyang ingkang sukses
lan migunani tumraping liyan.
Miturut kula, panyerat
damel novel menika kagem ngemutaken kita supados tetep emut marang papan
kelairan.
Kekirangan saking novel
menika, wonten perangan ngajeng nyariyosaken kanthi rinci simbah saha simbah
buyutipun ananging tokoh simbah menika boten anggadhahi peran ingkang wigati
dhateng tokoh Soekirman. Satemah minurut kula, perangan menika boten menarik.
Menawi kaluwihan novel
menika wonten cariyos ingkang anggadhahi piwulang lan pitutur wonten ing
pagesangan tokoh Soekirman. Ing novel menika ugi dipunjangkepi cakepan tembang
dolanan ugi tembang-tembang macapat ingkang miturut kula menika menarik.
Comments
Post a Comment